Search This Blog

28 Jul 2019

PEDHUT ING LANGIT MAJAPAIT.


PEDHUT ING LANGIT MAJAPAIT. 

jejer Ksatriyan Dharmaputra.
Gendhing....

I.   Ra Kuti ngamuk...... ngrasakne susah lan nesu karo Prabu Jayanegara ...

POCAPAPAN ....
njangget rasa atine Ra Kuti dene sang Prabu wani nggonjak garwane presasat pada karo ngilani dhadha nepak mbun-mbunan. Kamangka ora kurang-kurang denya labuh kanggo kayuwanane Praja Majapahit. ing antarane para Dharmaputra, tambuh-tambuh solahe sang rakyan Ra Kuti.... ngemuti garwa kinasih kang wus lampus diri awit rinuda peksa dening Gustine anenggih prabu Jaya Negara.. dereng dangu kesaru sowane para Dharmaputra... :"

Ra Kembar : kakang... kakang Ra Kuti.... aja dadi penggalihmu sajak mendhung ngendanu nglimputi atimu.... ana penggalihmu kang ngendi dene Kakang Rakyan duka yayah sinipi.... :" Hee... Ra Kembar, Ra Banyak, Ra Wedheng, Ra Tanca. lek na mripatmu jerengen gobogmu... kepriye rasane atimu yen ditinggal mati karo biji sibg tresnani awit pokal gawene si Kala gemet.... Rembug wos ing gati kepriye carane males ukum marang Prabu Jayanegara dene wis wani ngrusak bale somahe ngrudapeksa garwane nganti wekasane kepeksa kudu lampus diri suduk slira. miwiti mbukak rembug Ra Kuti mbagekne para sedulure Para Dharmaputra . :" Sedulurku kabeh wae, matur nuwun dene wis kersa rawuh ing wismaku kene.. :" ya kakang Rakyan, sajak ana gawe aku nderek kersamu. wangsulane Ra Tanca. :" Ngene lho... sira kabeh wis padha mangerteni yen bojoku klakon dadi lan patine awit saka pokale si Kala Gemet . rasane atiku ora lega yen durung bisa males ukum lan njongkeng Keprabon Majapait . Mula aku njaluk panyengkuyunge Sedulurku kabeh wae, amrih kaleksanan karepku, dimen ora akeh korban kanggo keluwarga liyane. wos ing rembug. Pungkasane ing parepatan mutusake niate mau, Ra Kuti gawe prajurit baris pendhem ing pamrih bisa njongkeng keprabon Majapait lan Sang Prabu Jayanegara kudu sirna. Sawise mepak wadya sing dianggep gamben olahing yuda, sawijining wengi Ra Kuti lan kanca-kancane meksa mlebu kraton.

II. Perang gagal....

Para senopati perang lan jaga truna, sing lagi tungguk kemit dadi korban kumilate pedhange Ra Kuti sak wadyabalane. patih Aryo Tadhah, lan para priyagung klakon dadi bandan... Waspada Sang Bekel Mada ya Joko Mada kang wektu iku isih dadi lurahe bhayangkara sing mligi njaga kawilujengane sang Prabu. Sri Jayanegara digendhong digawa mlayu diiring para bhayangkara cacah limalas klebu :" gajah Enggon, Macanliwung, Gagak Bongol, kuda Panegar... Ngerti burone lolos sak kala muntab kanepsone mbengok pretah prajurite. :" Hee.. Ra Wedheng, Ra Tanca.. oyaken Jayanegara, cekelen urip apa mati... Para prajurite sing diprentah nyebar ngoyak playune Sang prabu JayaNegara.

III. Adegan Kabuyutan Bedhandher..

Bekel mada nrabas alas gledhegan nganti teka perenge gunung pandhan. yaiku Desa Bedhander. Sang prabu diajak namur kawula ana ing omahe Buyut Bedhander, bekel Mada diadhep Sambit abdi peladene prabu Jayanegara... :" Mada aku tak bali dhisik ya awit bojoku rasane arep nglairake aku kepengin nunggoni laire anakku.. :" Ora bisa iki swasana gawat, ora ana sing bisa ninggalake papan iki. Kasugenganane Sang Prabu lan Majapait luwih utama tinimbang liyane... wangsulane bekel Mada teges. :" Ora bisa aku luwih perlu kluwargaku... wangsulane Sambit rada ngeyel. :" He.. Sambit ngendi ana kowe rabi lagi telung wulan bojomu arep nglairake.. kuwi mung alesamu wae yen kowe arep ninggal tanggung jawab. kowe kena bali nanging sirahmu tinggalen neng kene... Sambit nesu perang mungsuh Bekel mada kalah mati... kena kerise dewe... :" Madaa... ko.. kowee...?? Sambit kaget ngempet lara karo nuding Jaka Mada.. :" Hee Sambit rungokna sakdurunge pecat nyawamu.... sekawit pancen aku wis sujana karo tingkahmu, wiwit tak ajaklunga saka kraton, ya menungsa sing kaya kowe ing mbesuke wani ngorbanake wong liya kanggo butuhmu dewe....  :" Mada... ko.. kowe pancen keparaat..  tembunge Sambit bareng lan pecate nyawane.  Mada pamit marang Sang Prabu Jayanegara Kanggo nliti kahanan Kuthagara Majapait.

IV.   Adegan Tepis wiring MAJAPAIT ...
Sak tekane Majapahit, Gajah Mada nemoni para Nayaka lan prajurit.  Para menteri lan prajurit pada pitakon bab keslametane Prabu Jayanegara.  Gajah Mada nuduhake rasa susah.  Dheweke crita yen Sang Prabu Jayanegara wis seda diperjaya prajurite Ra Kuti. :" wis ra susah ngarep-arep Sang Prabu..?  Dheweke wis seda diprejaya dening prajurite Ra kuti... kandhane Bekel mada karo lemes... Krungu tembunge Gajahmada, para menteri lan prajurit sing isih setya marang Sri kerta rejasa katon loyo kelangan krekat lan daya kekuwatane, nglimpruk kaya wis ora duwe pengarep-arep maneh.... susah banget, ketang bektine marang Ratu Gustine. :" terus kepriye Mada,....? Majapait arep dadi apa....  pitakone Arya Gagak biru...  :" aku ora bisa kandha maneh kejaba yen kowe-kowe kabeh isih duwe kasetyan marang praja....  aku mengko tak golek dalan kepriye murih becike.... semaure Gajahmada :" terus kuwandane sang prabu ana ngendi...?  pitakone Arya Podhang gati.. :" Aku dewe ora ngerti mung kabar mau saka salah sijine pengalasan sing saiki wis tumeka ing pati.  kabeh alok jayanegara mati... .. Biwara bab sedane Prabu Jayanegara wis mrantah sak indenge pura Majapait . Nganti Ra Kuti sak sedulur Dharmaputra uga keprungu.
V. Adegan Kraton Majapait
Ra Kuti sak balane seneng-seneng. ngombe waragang nganti mendem... Bekel Mada mlangkah mlebu kraton diiringi Patih Arya Tadhah Ratu Tribuwana Tungga dewi lan Ratu Gayatri.  sing wis diluwari saka pakunjaran lan ngadeg ing mburine  Bekel mada.   :" Hee  Ra Kuti , ra Banyak, lan kabeh wae sing ana kene...  lekna mripatku, jerengen gobogmu...  dina iki uga kowe kabeh kudu sirna saka bumi Majapait...  yen ora trima iki tandhingmu  bekel Mada sing bakal mbalekake wujudmu neng kahyangane Bathara Yama.  kaget para Dharmaputra weruh tingkahe Bekel Mada sing ora dipetungake.  :" Hee... Mada Cecak nguntal cagak kowe wani nantang para Dharmaputra.... Heee.. kembar tandhing ana menus elek kuwi... brabaat...  Ra Kembar mencolot saka palungguhane ngunus curiga ngancam dhadhane Bekel Mada, karepe mung kepengin sepisan dadi Bekel Mada wis dadi bangke.  nanging kecelik Mada mung mingsed sejangkah awake miring kerise Ra Kembar mung kena angin nganti meh kejlungup, ya durung wae jejeg adege ana tungkak nyampluk dhadhane njalari dheweke tiba klumah...   :" He Kembar aja kakang Mada tandhingmu ... iki Gajah Enggon mungsuhmu...  sak kala rame Sitinggil Dhatulaya Majapait..prang tandhing
Gagak biru mungsuh Ra Banyak,  Podhang gati mungsuh Wedheng.  :" Hee... Mada songar kowe wani mlebu kandhang Macan... pambengoke Ra kuti...   :" Apa abamu   kuti.. ....  ing kene sing ana mung mungsuh,  ayo denga sing kuciwa,.... kabeh Dharmaputra kalah kari ra Tanca pasrah teluk..... Patih Arya Tadhah. pasrah kalungguhan Patih marang Bekel mada.  Ratu Gayatri Dhawuh....  :" Wiwit dina iki Sira Bekel Mada tak wisudha dadi Patih peparab... Patih Gajahmada..... gangsaran seseg... .. terus sirepan... ( alon( :" Mangestoaken dhawuh paduka kanjeng Ratu Putri...  ing ngriki kepareng kula Sumpah...  Gajah mada ngunus pusaka...  :" Sira Gajahmada Patih Amangku Bhumi tan ayun Amukti Palapa ...  Sira Gajahmada ...
:" Lamun Huwus kalah Nusantara isun Amukti Palapa...
Lamun Huwus kalah ring Gurun.,...
Ring Seram,....
Ring Tanjung Pura,...
Ring Haru,...
Ring Pahang,....
Ring Dhompo,....
Ring Bali,....
Ring Sundha,...
Ring Palembang,...
Ring Tumasik,...
Sahandhap Panji Majapahit.
Samana Isun Amukti Palapa...
Gangsaran seseg...
tancep kayon....



Cah Nganjuk.

15 Jul 2019

ASMARANDANA SUPRAPTO- SOEDJOKO CSSM






PENULIS ADIYANTO, S.Sn, MM
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA
PROVINSI JAWA TIMUR

SUKO PARISUKO CSSM







PENULIS ADIYANTO, S.Sn, MM
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA
PROVINSI JATIM

OJO DUMEH CSSM








PENULIS ADIYANTO, S.Sn, MM
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA
PROVINSI JAWA TIMUR

SLENDANG KUNING CSSM







SLENDANG KUNING Lrs Sl Pt Sanga

Cipt : Dr. dr. Soedjoko Hariadi, M.Sc
Arr  : Adiyanto, S.Sn, MM

Bowo pucung

Trek 2 1 2 6  2 1 6 g5

   @!@. 565.  @!@. 5!56    1 5 3 2  1 3 5 2

   235. 562.  235. 56!@          5 6 1 2  1 6 1 g5

    @!@. 565.  @!@. 5!56    1 5 3 2  1 3 5 2

   235. 562.  235. 56!@          6 5 3 2  3 1 6 g5

                       

   trek

   . 5 5 .  5 6 1 2    . . 1 2  5 3 2 1

   . 5 5 .  5 6 1 2    . . 1 6  2 1 6 g5

   reef

   2 2 1 2  3 5 3 2    3 2 1 2  5 3 2 1

   2 2 1 2  3 5 3 2    3 2 1 2  3 5 6 g5

   . 2 . 1  . 6 . 5 pos

    @!@. 565.  @!@. 5!56    1 5 3 2  1 3 5 2

   235. 562.  235. 56!@          6 5 3 2  3 1 6 g5

 

INTRO

   @ ! @ .  5 6 5 .    @ ! @ .  5 ! 5 6

   . . . .  ! 5 3 2    . . 2 3  2 3 5 2

   2 3 5 .  5 6 2 .    2 3 5 .  5 6 1 2

   . . . .  5 6 ! @    @ @ ! 6  @ ! 6 g5 LAGU 

Swk      5.56    1312  5.56  1312 j.5j612j.5j61231 .6.5.3.g5

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 





LAGU SLENDANG KUNING SL SANGA
Cipt : Dr. dr. Soedjoko Hariadi, M.Sc
Arr  : Adiyanto, S.Sn, MM

BOWO PUCUNG

SINTEN NIKU
IRENG MANIS KATON AYU
INENGGO BUSANA
SLENDANG KUNING AMANTESI
SLENDANG KUNING KARYA TUKULING ASMARA




Syair lagu

   @ ! @ .  5 6 5 .    @ ! @ .  jz5c!jz@c!zj5c!6

             E      E    E              E     E     E                       E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  6 5 3 2    . . 2 z3x x xc 2 z3x c5 2

                                         GAN-DES LU-WES                      WI-       CA-          RA-   NE

   2 3 5 .  5 6 2 .    2 3 5 .  5 6 ! @

             E      E    E              E     E     E                      E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  5 6 ! @    . . ! z6x x x c2 ! 6 5

                                     SLEN-DANG KU-NING                       A-       NA    PUN-DAK-E

 

   @ ! @ .  5 6 5 .    @ ! @ .  jz5c!jz@c!zj5c!6

             E      E    E              E     E     E                       E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  6 5 3 2    . . 2 z3x x xc 2 3 5 2

                                       ME-SEM NGGU-YU                        DE-    KIK          PI-  PI-NE

   2 3 5 .  5 6 2 .    2 3 5 .  5 6 ! @

             E      E    E              E     E     E                      E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  j565 3 2    . . 2 z3x x x c2 1 y gt

                                     GU-PUH GE-ME-TER                  NGGON-    KU    MBA-GEK-KE

 

 

   . . . .  2 2 1 2    . . 1 z2x x x c3 z5x c3 2

                                       SAR-WA PAN-TES                        KANG  BU-         SA-     NA

. . . .  2 2 1 2    . . 1 2  5 3 2 1

                                          TAN A-NA SA-                             RU SA-       WI- JI    A-PA

   . . . .  2 2 1 2    . . 1 2  3 5 3 2

                                           KEN-TEK-AN U-                      KA-RA NGGON-KU NYAN-DRA

   . . . .  2 2 1 2    2 . 1 2  3 5 6 5 

            JE-   BU-LE A-                 KU       KE-TA-    MAN AS-MA-RA

   @ ! @ .  5 6 5 .    @ ! @ .  jz5c!jz@c!zj5c!6

             E      E    E              E     E     E                       E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  6 5 3 2    . . 2 z3x x xc 2 z3x c5 2

                                       SLEN-DANG KU-NING                    ME-     RAK        A-      TI

   2 3 5 .  5 6 2 .    2 3 5 .  5 6 ! @

             E      E    E              E     E     E                      E    E    E                SA- PA KA-E

   . . . .  jz5c65 3 2    . . 2 z3x x x c2 1 y gt

                                       SLEN-DANG KU-NING                  TAK     AN-        TI   AN-TI

 

 




Penulis Adiyanto, S.Sn, MM
Pamong Budaya Ahli Muda
Provinsi Jatim

SLENDANG SUTRA PELOG BARANG LANGGAM NOTASI BALUNGAN (ADITYASTUTI)

 SLENDANG SUTRA PELOG BARANG LANGGAM NOTASI BALUNGAN (ADITYASTUTI)