Search This Blog

6 May 2019

PERANG BUBAT LAKON WAYANG


PERANG BUBAT

JEJER MAJAPAHIT, Prabu Hayam Wuruk kaadep dening Patih Madu

Rembug :    P Hayam Wuruk kepinging ndadekke garwo prameswari marang Dyah Pitaloka putri soko Kraton Pajajaran/ Sunda, mergo ngerti soko gambare Sungging Prabangkoro yen Dyah Pitaloka ayu banget, lan P Hayam Wuruk banget tresnane. Mulo ngongkon Patih Madu supoyo nglamar menyang Pajajaran, Dyah Pitaloka didadekne garwo prameswari lan supoyo Majapahit lan Papajaran biso rukun koyo wingi uni, mergo Pajajaran lan Majapahit isih tunggal darah seduluran. (patih madu Budal)

Tekane Patih Amangkubumi Gajah Mada ( perdana Menteri)

Rembug :    PA. Gajah Mada ora setuju karo, P Hayam Wuruk mergo Majapahit wis dadi negara kang gede, ora bakal sebanding karo negara Pajajaran, P Hayam Wuruk iso ngrabi karo Dyah Pitaloka ning ara dadi garwo prameswari nanging mung dadi selir, lan Pajajaran iso dadi negara telukan kebawah Majapahit. PA Gajah Mada ngelingke P hayam Wuruk yento Sumpah palapa, negara sing durung sumuyut salah sawijine mung Pajajaran, terus ngelingke lelabuhane para leluhur kanggo Majapahit supaya bisa nyawijekne Nusantara. Mula PA Gajah Mada arep ngrampungi perkara iki ( PA Gajah Mada budal)

ADEGAN  ALUN-ALUN MAJAPAHIT, PA Gajah Mada, lan prajurit Bayangkara, Gajah Enggon, Ma Panji Elam, Pu Kapasa, Pu Menur, lan Pu Kapat.  
  
Rembug :    PA Gajah Mada, Ngongkon Para Prajurit Bayangkara, Supoyo nyegat barisan Prajurit Pajajaran ning Bubat. Lan ngongkon Gajah Enggon supoyo nyegat lakune Patih Madu yen perlu dipateni, dadi sing nglamar ning Pajajaran Gajah Enggong, kanti syarat : Upacara mantenane  di laksanakno ning Majapahit, lan Para pengiring Manten soko Pajajaran ora perlu akeh akeh, di tunggu para prajurit Majapahit ning lapangan bubat supaya langsung bisa ketemu karo P Hayam Wuruk. ( Prajurit Bayangkara Budal)

ADEGAN TENGAH ALAS, Gajah Enggon nyamar dadi perampok, nyegat lakune Patih madu, dadi perang Pati Madu dipateni, ( Gajah Enggon Budal Ning Pajajaran)

ADEGAN KRATON PAJAJARAN, Prabu Lingga Buana, Dyah Pitaloka, Mangkubumi Hyang Bunisora Suradipati, tekane Gajah Enggon

Rembug :    Gajah Enggong ngomong diutus P Hayam Wuruk supaya nglamar Dyah Pitaloka supaya dadi garwa prameswari. Kanthi syarat Upacara mantenane  di laksanakno ning Majapahit, lan Para pengiring Manten soko Pajajaran ora perlu akeh akeh, di tunggu para prajurit Majapahit ning lapangan bubat supaya langsung bisa ketemu karo P Hayam Wuruk, Mangku bumi Hyang Bunisora Suradipati ora setuju, kok ngowahi adat, sing umum ning Pajajaran ki yen manten Wadon ki kudune kanggonan kanggo Upacara Manten. Nanging P Lingga Buana tetep sarujuk mergo demi utuhe Pajajaran lan Majapahit, biso Rukun koyo wingi uni. Mulo sing budal neng Majapahit P Lingga buana Dewe di derekke para senopati pajajaran, Amangku Bumi Hyang Bunisora Suradipati kon nunggu Praja. ( P Lingga Budal karo para Senopati Pajajaran)

ADEGAN LAPANGAN BUBAT, Para Senopati Pajajaran, Arya Sentong, Patih Gowi, Patih Marga Lewih, Patih Teteg, Jaran Baya.

Rembug :    Para Prajurit pajajaran ngomongke yen P Lingga Buana entuk firasat ora apik ning Lapangan Bubat kene, tekane Prajurit Bayangkara. Ngomong yen di utus PA Gajah Mada, Pajajaran kudu takluk marang Majapahit, lan Duah Pitaloka iso Rabi Karo Prabu Hayam Wuruk mung dadi Putri Boyongan, rumangsa para Senopati Pajajaran diapusi dadi perang  (mergo perang ora imbang lan para prajurit Majapahit luwih akeh lan luwih siap mulo Prajurit Pajajaran Mati Kabeh)
P Lingga Buana ketemu PA Gajah Mada ( perang P Lingga Buana di suduk kerise PA Gajah Mada) P Lingga Buana Mati.


Dyah Pitaloka ngerti yen P Lingga Buana Mati ono tangane PA Gajah Mada. Mulo duwe ujar “yen trah soko Pajajaran ora bakal biso sesandingan karo Trah soko Majapahit”. Dyah Pitaloka di suduk keris karo PA Gajah Mada, Dyah Pitaloka Mati. P Hayam Wuruk ngerti perkoro iki langsung Kaget lan nglumpruk tanpo daya.

TAMAT





NOTASI PERANG BUBAT

1
TALU CING CING GOLING PL NEM

. 3 . 2     . 3 . 2      1 1 3  2      5 3 5 6

// 2626    3216    3561    6535
   1656    3532    5323    5616   //
   2626    3216    3561    6532
SREPEK
6362    6532    6621    3216
1232    6523    5653    6523
6132    6532
SREPEK MANYURA
3232    5353    2321
2121    3232    5656
5656    5353    6532
SAMPAK
6666    3333    2222
2222    3333    1111
1111    2222    6666
SWK 6666    3333    6532    .6..
2
KODOK NGOREK BEDOL KAYON

7.76    7.76    7.76    7.76
3
BAYANGAN HAYAM WURUK DYAH PITALOKA

. 2 . 3    . 5 . 6 (MACAPAT ASMARANDANA)

DYAH PITALOKA SANG PUTRI
SAKING NEGRI PAJAJARAN
SANG PRABU BANGET TRESNANE
PRAMSWARI KANG SINEDYA
GYA DADI SALAMINYA
UTUSAN DUTA SARAYA
ANGLAMAR DADYA GARWA
4
JEJERAN MAJAPAHIT
KTW SRINARENDRA

B  66..    6656    11.6    5412
     ..24    5645    2456   5412
    11..     5612    .621    .645

A  .1.2    .1.6       .1.2     .645
5
P MADU BUDAL   KEBO GIRO

6532    3265    6532    3265
6521    2165    6521    2165
1632    3265
6
GANGSARAN GAJAH MADA TEKO
7
GAJAH MADA BUDAL  SAMPAK NEM

5555    3333    3333    5555
2222    6666    5555
8
SIREP..HAYAM WURUK SEDIH
DADI SREPEK

6565    6363    6363    6565
6262    6262    6765


9
SIREP BUDAL NJABA BAYANGKARE

.555     .555    .555    6235
.555     .555    .555    6235
32.3    2.32    .323    6532
4.4.     4.4.     4245    4241
62.6    2165    4.45    2165
10
GANGSARAN ( JAGONGAN)
11
BUDAL  LANCARAN

6565    2165    6565    2165
3232    6532    4245    4241
6265    2165
12
GANGSARAN JAGONGAN
13
PERANG  SAMPAK PL NEM

5555    3333    3333    5555
2222    6666    5555
14
JEJER PAJAJARAN
KTW TUMADAH

B  11..     1121    3212    .126
     .132    6321    2132    5321
     66..     6532    3126    2165

A  22.3    1232    3216    2165
15
SREPEK PANCER =  7
16
PAPAGAN PRAJURIT PAJAJARAN DAN MAJAPAHIT (JAGONGAN GANGSARAN)


17
PERANG SAMPAK NEM
18
DYAH PITALOKA KAGET (OMONGAN) KTW KARUNO

B  . . 21    5612    3232    3565
     . . 21    5612    3232    3565
     44 . .    1121     2165   1121
A   5621    5621    3565   2165
     . 621    5621    3565   2165
19
DYAH PITALOKA DIPATENI GAJAH MADA SAMPAK NEM

20
HAYAM WURUK KAGET SIREP….SAMPAK 555555555555555555…….532
TAMAT










PENULIS
ADIYANTO, S.Sn,MM
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA 
PROV. JATIM










 


No comments:

Post a Comment

BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI

 BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI