Search This Blog

28 Aug 2019

SRIKANDI MEGURU MANAH


SRIKANDI MEGURU MANAH
ADEGAN NEGARA PARANGGUBARJO PRABU JUNGKUNG MARDEYA, TOGOG, BILUNG, PATIH
ADA-ADA GIRISO
REP SIDEM PERMANEM, TAN ONO SABAWANING
WALANG MYANG AWISIK, KANG KAPYARSO MUNG SWARANING
ABDI KRIYA GENDING, PALU GANGSA MYANG KEMASAN
INGKANG NAMBUT KARDI, SAYA HAMIMBUHI....O
HASRI SENEN JRONING PASEWAKAN
SANG NATA LON MANABDO .....O
Togog        :  Nyuwun sewu sak dereng ipun sinuwun, kok sajake suntrut, wonten wigati menopo dene paduko nimbali kawulo.
Jungkung :  ngertenono Gog, dene aku koyo ngene iki, suntrut rasane atiku, mergo dino iki aku lagi nandang kasmaran Gog.
Togog        :  wo....kasmaran, lajeng sinten wanodyo ingkang dipun tresnani sinuwun
Jungkung :  dene wanito sing tak tresnani, ora ono liyo yo kuwi, putri Pancolo keng arang Dewi Woro Srikandi, Gog
Togog        :  Menawi ngaten keleresan sinuwun, awit keng aran Dewi Woro Srikandi meniko pancen ayu sulistyo ing warno. Menawi jejer kaleh paduko cocok sanget, paduko sinuwun ratu bagus tur sekti mondroguno dene Dewi Woro Srikandi wanito ingkang ayu sulistyo ing warno.
Jungkung :  Opo yo pancen koyo mengkono Gog, lha kowe opo ngerti sing aran Dewi Woro Srikandi Kuwi Gog.
Togog        :  Nggih ngertos sinuwun, sejene Wanodya ingkang ayu, Dewi Woro Srikandi meniko ugi pinter olah kaprajuritan, lan ugi titisipun Dewi Amba duk ing nguni.
Jungkung :  lha, Dewi Amba ki sopo
Togog        : Menawi kepingin ngertos critanipun Dewi Amba, kulo tak crito sinten Dewi Amba meniko lan wonten menopo kok nitis wonten ing badanipun Dewi Woro Srikandi.
ADEGAN PERANG
Wahmuko lan Arimuko perang  mungsuh Dewabrata....Wahmuko lan Arimuka Mati
Amba ketemu Dewabrata
PATET NEM JUGAG
HANJRAH INGKANG PUSPITA RUM
KASILING SAMIRANA MRIK, O
SEKAR GADHUNG
KONGAS GANDANYA,O
MAWEH RARAS RENANING NDRIYA, O
Amba         :  Paduko Raden Dewabrata, ingkang sampun saget mejahi Wahmuko dalah Arimuko, pramilo kulo pasrah jiwo rogo dumateng paduko raden.
Dewabroto:   Mengko disik Amba, aku mupu sayembara iki mergo aku makili kadangku Citragada lan Citrawirya.
Amba         :  Kulo mboten nampi wakilan
Dewabrata :  ngertenono Amba yen aku wis madeg dadi brahmacari, aku wis sumpah ora bakal polokromo marang wanodya sopo wae, yen nganti aku nglanggar sumpahku, opo bakal aku keno bebendu soko dewa kang akaryo jagat. Mulo Amba kowe di lilani bali, rabio karo wong lanang sing mbok tresnani.
Amba         :  Kulo nggih sampun sumpah, sak sinteno ingkang saget mupu sayemboro meniko, pramilo nggih tiyang meniko ingkan bade kulo tresnani, drajat menopo kemawon, embuh ratu, satriyo, brahmono nopo tiyang ingkang mboten gadah drajat pangkat, paribasan wong pidak pedarakan kulo mboten nggagas.
Dewabroto:   Nanging aku ora bakal biso nglanggar sumpahku
Amba         :  Ewa dene kulo ugi mboten saget, nglanggar sumpah kulo, tresno kulo namung dumateng paduko raden Dewabrata, katresnan meniko anugrah saking gusti ingkang mboten saget dipun tampik utawi dipun selaki.
Dewabroto:   Nanging nyatane aku nampik katresnanmu
Amba         :  Penampiking katresnan paduko, handayani soyo murup makantar-kantar katresnan kulo dateng paduko raden.
Dewabrata :  Banjur carane nyirep katresnanmu, aku kudu kepiye
Amba         :  Katresnan kulo saget sirno, katresnan kulo saget musno, menawi sareng kaleh pejahipun Amba.
SAMPAK TLUTUR
Dewabroto mlayu ditututi Amba, Dewa Broto Ngagar-agari panah
O, SUREM-SUREM DIWANGKARA KINGKIN,
LIR MANGUSWA KANG LAYON, O
DENYA ILANG MEMANISE,
WADANAIRA LAYU,
KUMEL KUCEM RAHNYA MARATANI, O
Pocapan “Wauta, Raden Dewobroto jibeg penggalihe, gyo mentang jemparing keng arso ngagar-agari Dewi amba”

Dewabrata : Amba, wong sabar kuwi ono watese, senadyan kowe kuwi wong wadon, yen kowe kepingin bubrahke sumpahe Dewobroto, mulo aku tegel mateni kowe.
Amba         :  Raden, sejatosipun nggih meniko ingkang kulo antu-antu, tinimbang kulo wirang mboten saget suwito dumateng paduko, kulo luwung pejah wonten ing tangan paduko, meniko ndadosaken kasuwargan kagem kulo raden.
Dewabrata : Amba,  kowe baliyo, janji kowe ora gelem bali, klakon mati ono ing tanganku.
Dewabrata mundur ditutui Dewi Amba
Dewa brata:  Amba, tak baleni sepisan maneh kowe baliyo, aku ora biso ngladeni kowe
Amba         :  Mboten Raden, menawi mekaten kulo trimah pejah
Pocapan  “ wauto, datan mundur Dewi amba, datan sumeret sangkan paraning bilahi, kedadak ono angin aniup astane Dewabroto, mrucul sang jemparing kenging dadane Dewi Amba, dawah plak kapidoro” ...............sampak tlutur
Angin ngenani jemparing langsung keno dadane Dewi Amba, amba mati, Dewabrata Kaget.
Dewabrata :  Amba, aku njaluk ngapuro, ora ono babar pisan aku kepingin mateni kowe, Amba
Amba         : Raden Dewabrata, mbok menawi pungkasane lampahan kados mekaten, kulo iklas lahir batin awit ingkang mejahi kulo inggih paduko ingkang kulo tresnani, kulo nyuwun pamit raden, mbanjang menawi paduko kundur dateng kasuwargan kulo ingkang metuk paduko.
Dewabroto:   Amba,...Ambaaaaaaa....

ADEGAN PARANGGUBARJO
Togog        :  Nggih mekaten kolo wau, carios ipun Dewi Amba ingkang manitis wonten ing jiwanipun Dewi Woro Srikandi, sinuwun
Jungkung :    O alah, ngono yo Gog, soyo matep atiku dene Dewi Woro Srikandi titisane Dewi Amba kang wus setyo marang wong lanang. Dino iki ugo Gog, mbuh piye carane, budal menyang Pancolo saperlu mboyong Dewi Woro Srikandi.
Togog        :  Nggih menawi mekaten monggo kulo sumanggakaken
Jungkung :    he patih Joyo Sudargo, ayo kerik lampit brukat kimpul budal menyang Pancolo sakperlu mboyong Dewi Woro Srikandi,  yen biso di coro alus malah kepeneran, yen ora biso rebut kantho bondoyudo.
P Joyo S    :  ngestokaken dawuh sinuwun, lajeng kepareng budal mbenjang menopo sinuwun.
Jungkung :    ora ketang colok lintang sambung obor, budal dino iki

P Joyo S    :  Nggih ngestokaken dawuh...
GUNUNGAN (SULUK)
KUKUSING DUPA KUMELUN
NGENINGKEN TYAS SANG APEKIK
KAWENGKU SAGUNG JAJAHAN    O
NANGING SANGET HANGIKIBI
SANG RESI KANEKA PUTRA
KANG HANJOG SAKING WIYATI   O

WAUTO BUDALE PORO WADYO BOLO PARANG GUBARJO, MANYAR SEWU CANDRANE

PERANG NEGARA PARANG GUBARJO MUNGSUH NEGARA PANCALA
DURMA
RIDU MAWUR, MANGAWUR AWUR WURAHAN
TENGARANING AJURUT
GONG MAGURU GONGSO
TETEG KADYO BUTULO
WOR PANJRITING TURONGGO ESTI
REKATAK INGKANG
DWOJO LELAYU SEBIT

TumengJ   :  E lha dalah, lagi wae aku ngancik tlatah Negara Pancolo, nitik sandangane iki mesti penggede, hayo ngakuo sopo jenegmu.
TumengP   :  Pangkatku Tumenggung soko negoro Pancolo, jenengku Tumenggung Ponco Kusumo, kowe prajurit soko ngendi dampyak dampyak ninggal toto susilo.
TumengJ   : Mburi soko Paranggubarjo, kesete Pabu Jungkung Mardeya aranku Tumenggung Parang Wojo aku
TumengP   : opo sedyamu dene mlebu ning laladan Pancolo
TumengJ   :  kepingin nglamar sekaring kedaton Pancolo, Dewi Woro Srikandi.
TumengP   : opo koyo ngono kuwi cak-cak ane wong arep ngamar, jingkrak jingrak ra duwe toto susilo. Hayo balio soko negoro Pancolo
TungengJ  : Mbacut
TumengP   : Bali
TungengJ  : Mbacut
TumengP   : Bali
TungengJ  : Mbacut
TumengP   : Keno Mbacut, nanging sirahmu tinggalen ning ngarepku kene
TmengJ      :  We lha dalah
SULUK
DODO MUNTAP LIR KINETAP
DUKO YAYAH SINIPI
JOJO BANG MAWINGO WINGO WENGIS   O

TumengJ   :  Ayo Majuo klakon tak ilangi nyawamu, keparat.

NGUMANDANG KUTO SURABAYA
GORO-GORO
Petruk        :  Assalam Mualaiku W W, sugeng siang, salam sejah tera kagem kito sedoyo, leren sik gong, sak durunge ayo ngaturake panuwun karo direktur RRI Surabaya penjenengane ................................sing wis kerso gelar acara pergelaran wayang kulit wujud .karo ngaturake panuwun karo konco konco RRI,............................................






SANGA
ADEGAN SRIKANDI, JANOKO
JAHNING JAHNING TALAGA KADI LANGIT,
MAMBANG TANGPAS WULAN UPAMANEKA, O

Janoko       :  Srikandi, ono opo kowe sowan ning kasatrian Madukoro
Srikandi    :  sakderengipun kulo nyuwun pangapunten kakang mas, sowan kulo wonten ing kasatriyan Madukoro, kulo kepingin meguru ilmu guna kasantikan soho lepasing jemparing, dumateng kakang mas Janoko
Janoko       :  Srikandi kowe kuwi sipating wanodya
Srikandi    :  Senadyan kulo menikko salah sawijining wanito ananging salebeting sanubari meniko mili getihing satriyo jiwaning senopati.
Janoko       :  Srikandi, opo wis mantep tenan tekatmu menep atimu kepingin meguru karo Janoko
Srikandi    :  nun inggih kakang mas
Janoko       :  yen pancen koyo mengkono Srikandi, aku kepingin neter sepiro kaprawiramu, ojo rikuh lan pekewuh, hayo majuo gegladen marang pun kakang Srikandi.
Srikandi latian perang lan Janoko, dadi soyo suwe janoko seneng lan tresno karo Srikandi sampak suwuk “ Asmarandana palaran
kadadak tekane Drupadi....
Janoko       :  Srikandi wong ayu, kowe tansah gawe rontoking jantunge Janoko, manuto tak pondong tak lelo lelo wang ayu, nadyan to Janoko ra biso nduweni kowe, nanging rasaku ajur mumur yen kowe di wengku wong lanang liyo.
Drupadi     :  Srikandi Aku sing teko ( sampak)
Janoko malek lungguh neng mburine Srikandi
Srikandi    :  Sembah lan pangabekti kulo kunjuk dumateng kakang mbok Drupadi
Drupadi     :  yo tak tompo Srikandi, seje sing di rembug, anggonmu meguru neng yayi Janoko kuwi mungguhku kleru, kowe luput. Sepisan kowe lungo ora pamit karo romo lan ibu, sing kepindo kowe meguru karo yayi Janoko kuwi dasarmu opo, mongko yayi Janoko karo yayi Sembodro kuwi lagi manten anyar lan isih duwe anak cilik Abimanyu sing isih umur setahun, yen kelakuanmu koyo ngono kuwi, podo karo kowe wong wadon sing ngrusak pager ayu mbubrahke wong omah-omah (sampak)

Janoko       :  Srikandi, kok langsung mlayu klepat ora pamitan karo aku
Srikandi    :  Kakang mas Janoko, kakang mas lak nggih ngertos ngendikane kakang mbok Drupadi, semune nyalahke, ngluputke karo Srikandi.
Janoko       :  Srikandi kowe ora kleru, ora luput, sing kleru aku, sing luput aku, Janoko.
Srikandi    :  Mboten kakang mas, bab meniko kulo luput, kulo trimo pejah kemawon (sampak).
Srikandi mlayu, Janoko tibo loro di tulungi Petruk lan Bagong
ADEGAN SEMBODRO
Sembadra  :  Petruk ono opo gene kowe sowan ono kene
Petruk        :  Ngapunten den, niki ndoro Janoko loro
Sembodro :  loro piye
Petruk        :  ngenten lho ( bisiki loro sembodro)
Sembodro :  critane ngono petruk
Petruk        :  nok o, eh inggih
Sembodro :  lha sakiki kanjeng paran neng ngendi
Petruk        :  lha niko nggletak teng mriko  (sampak)
ADEGAN JANOKO LAN SEMBODRO
Sembodro :  kangjeng paran, aku wis ngerti critamu, Srikandi wong wadon, aku yo wong wadon, umpomo aku dadi Srikandi dah koyo ngopo rasaku, wong lanang senengane koyo ngono, mung butuh golek senenge dewe, tak kiro kanjeng paran kuwi uwong sing duwe tanggung jawab, nanging nyatane ono lelakon koyo ngene malah loro, yen kanjeng paran loro koyo ngene opo perkoro iso rampung. Terus Srikandi piye, yen nganti ono opo opo karo Srikandi, malah opo ora nambahi dosa, yen kanjeng paran ora gelem nggoleki Srikandi, aku wae tak sing budal nggoleki (sampak)
Janoko tangi ( sampak Sirep)
Janoko       :  bune kulup, ora nesu karo perkoro iki
Sembodro :  Arep nesu piye, wong lelakon wis kadung dilakoni, yen aku nesu opo lelakon iki yo iso rampung, aku percoyo karo kanjeng paran, katresnanmu neng aku ora bakal luntur mergo lelakon iki, wis rasah mikir neko neko tak dongakke anggone nggoleki Srikandi iso kasembadan.
Janoko lungo ngambung Sembodro.........
MANYURA
Jungkung  :  iblis laknat, nggugu karepe dewe, wong Pancolo ora keno ginawe becik gawe muringe Prabu Jungkung Mardeya, katitik wis wani mateni warongko noto pepatihku, ing kalungguhan iki wong Pancolo kudu tanggung jawab, Pancolo tak gawe karang abang.
ADEGAN SRIKANDI LAN JUNGKUNG MARDEYA
Jungkung  :  lha iki putri Pancolo, Srikandi...Srikandi, kowe sing dadi jejantunge pun kakang yayi, manuto tak pondong tak lelo-lelo, umpomo yayi dadi kembang yo mung pun kakang Jungkung mardeya sing biso nyecep sarining kembang. (sampak)
Perang Srikandi mungsuh Jungkung Mardeya, Srikandi kalah langsung di gowo mlayu karu Jungkung Mardeya.
Jungkung :  wong ayu mumpung ono tengahing alas, turutono brantaning pun kakang yayi.
Jungkung Mardeya di antem Janoko, dadi perang antarane Janoko lan Jungkung Mardeya (sampak kasirep)
Jungkung  :  kowe sopo wani nggangu lakuku
Janoko       :  aku panengahing Pandowo Janoko aranku, kowe sopo
Jungkung  :  Narendro Paranggubarjo Prabu Jungkung Mardeya aku
Janoko       :  ono ratu tumindak sedeng, klakon tak ketok gulumu
Jungkung mardeya keno panae Janoko Mati.
ADEGAN SRIKANDI LAN JANOKO
Srikandi    :  Raden kulo pun dadi wanito sing ngrusak pager ayu, kulo isin, uripo ning alam ndonya pun mboten penting kagem kulo,
Janoko       : rasah ngomong koyo ngono, iki sing aku
Srikandi    : nopo paduko raden purun tanggung jawab perkawis meniko
Janoko       : iyo..iyo, aku tanggung Jawab. (sampak)
ADEGAN SEMBODRO KATEKAN JANOKO LAN SRIKANDI
 Sembodro : Srikandi sepiro lupute kanjeng paran Janoko, aku aku sing njaluke sepuro.
Srikandi    :  Inggih kakang mbok woro Sembodro, mboten menopo, kulo ingkang lepat
Sembodro :  ora, kowe ora kleru, yo koyo ngono kuwi watake wong lanang, racak wong lanang sak iki kuwi mata kranjang, nggugu karepe dewe. Yen nganti kanjeng paran ora gelem tanggung jawab, aku dewe sing bakal ngrabekke kowe Srikandi (sampak)
Srikandi    : nun inggih kakang mbok, kulo ngaturaken panuwun ingkang tanpo upami
Sembodro : iyo Srikandi ora dadi opo
Pyak, Pyak Pyak,...Petruk teko laporan prajurit Paranggubarjo males ukum patine Jungkung Mardeya, perang karo Madukoro, lan Janoko. Prajurit paranggubarjo kalah.
TAMAT 
 


                  
PENULIS
ADIYANTO, S.Sn,MM
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA
PROVINSI JAWA TIMUR

No comments:

Post a Comment

BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI

 BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI