Search This Blog

28 Aug 2019

SUMANTRI NGENGER


BEDOL KAYON
Sumantri tancep tengah kelir. Bayagan omongane Prabu Harjuno Sosrobahu

Pr. Harjuna Sasra bahu
:
Sumantri yen kepingin pasuwitanmu ingsung tampa, boyongen dewi Citrowati lan putri domas soko ing Magodo

JEJER PERTAPAN JATI SRONO
JANTURAN
Anenggih negari pundi ta ingkang cinarita, Tan sanes tata rakiting pertapan Jatisrana, papaning pandhita linangkung, kongas ngambar ganda arum, rumpakaning basa panyandra. Drajating brahmana angasrama mangun puja brata tataning panembah. Tirta wening candraning pasuryanira, Sang Bugawan Suwandagni, Nuju ari sajuga lenggah anglati, dupi mulat praptaniro keng putra Bambang sumantri ingkang wus marak mangayun, dadya sukaning ndriyansang Begawan, cinaketna rinangkul pinengkul pengkul.

Pathet jugag, Slendro Nem
Hatap para hapsari tumontong mring sang dwija
Kadya ge wor jiwa
Kagagas ing tya dahat kewran ing karyanira
Datan antuk samya myat rengganing prabata
Raning kadhep kumelap lir pangawening dwija

Suwandagni
:
Kulup, Sumantri, Pada becik saktekamu yo ngger
Sumantri
:
Nun inggih kanjeng rama, sowan kulo wonteng ing pertapan mriki mboten wonten alangan setunggal menapa kemawon, Pangabekti kulo romo
Suwandagni
:
Yo yo ngger...pangabektimu tak tampa, pangestuku wae tampanana ngger.
Sumantri
:
Nggih rama, kula tampi, kulo pundi wonten ing mustaka mugi dados jimat
Suwandagni
:
Ngger Sumantri, piye kabare anggonmu suwita neng negara Maespati
Sumantri
:
Nun inggih rama, pasuwitan kulo di pun tampi, namung kulo diutus supados boyong dewi Citrawati lan putri domas ing negari mangada kanjeng rama.
Suwandagni
:
o....ngono ngger...yo yen pancen koyo ngono, tak dongakake mugo-mugo enggal kasembadan sedyamu nger..
Sumantri
:
Inggih rama menawi mekaten kulo nuyun pengestu, pamit bade bidal ing Magada, bade boyong dewi Citrawati dalah putri domas. 
Suwandagni
:
Yo yo ngger...sing ati-ati tak sangoni basuki

Sumantri budal, tekane bambang sukrasana

Sukrasana
:
Rama, mau opo akang ati muleh to mo
Suwandagni
:
Ora ngger, kakangmu ala muleh
Sukrasana
:
Halah, ngapusi, akang ati muleh to, aku ngerti kok ma, akang ati arepe suwito neng prabu harjuno sasra ta, terus diutus kon mboyong dewe citrawati ing magada, aku lho ngerti,
Suwandagni
:
O alah ngger, yo yo ngger, kakangmu sumantri muleh,
Sukrasana
:
Ora popo kok ma, aku lho wis ngerti, aku pingin melu akang ati ma, aku kangen ro akang ati
Suwandagni
:
Ojo yo ngger, kowe rak wis ngerti to karo kakangmu
Sukrasana
:
Ojo ngono to ma, aku wis ngerti nek akang ati, isin duwe adi koyo aku, aku wis ngrumangsani wong elek, akang ati isin karo aku, neng aku tetep tresno karo akang ati ma.. akang ati rabakal kasembadan nek ra eneng aku ma
Suwandagni
:
O alah ngger, yen pancen mengkonno ngger, kowe sing iso momong kakangmu yo ngger, . 
Sukrasana
:
Yo yo ma, aku sayang banget karo akang ati, wis ya ma, aku tak pamit bdal, melu akang ati ma
Suwandagni

Yo yen pancen mengkonno sing ati ati ya ngger

Adegan Sumantri di papag Sukrosono

Sumantri
:
Sukrasana, ono opo kowe nusul karo aku
Sukrasana
:
Aku kangen kang, aku pingin melu kowe lho kang
Sumantri
:
Ojo, aku iki kepingin nyambut gawe, kowe ojjo melu karo aku, hayo bali neng pertapan, tunggunen kanjeng rama
Sukrasana
:
Emoh kang, aku kangen karo kowe lho kang, aku melu
Sumantri
:
Hayo bali kudu bali, yen ora bali tak tutuk sirahmu

Sumantri budal karo nyawang Sikrasana,
Ada –Ada jugag, Slendro Nem

Dhadha muntap lir kinêtap ,
duka yayah sinipi ,
jaja bang mawinga wêngis ,
o

Langsung srepek slendro nem kasirep

Sukrasana
:
Akang ati kowe ra seneng karo aku, ora popo kang, nanging aku tetep tresna lan sayang karo kowe kang, aku melu kang…

Sukrasana budal nusul sumantri

ADEGAN BUDALAN RATU SEWU NEGARA

Pocapan
Wau ta budale para ratu sewu negara, ingkang kapandegan Narendra saking Widarbo jejuluk prabu Darmawasesa, yen cinandra kadyo,
Sigra mangsah lumampah anut wirama,..langsung jadi lancaran Singa Nebah

Perang gagal papagan sumantri lan para ratu sewu negara

Patian
:
Iki jagone wong magada
Sumantri
:
Iyo , ayo majua, klakon ilang nyawamu

Perang para wadya bala ing Widarbo kalah perang mungsuh Sumantri, langsung Prabu Darmawasesa maju perang, sumantri Kalah, di ewangi Sukrasana maju perang Prabu Darmawasesa kalah mungsuh Sukrasana

PATHET SANGA
Pathetan Wantah Slendro Sanga

Sangsaya dalu araras ,
abyor kang lintang kumêdhap ,
titi sonya têngah wêngi ,
lumrang gandhané puspita ,
karênghyan ing pudyanira ,
o
sang dwijawara
ambrêngêngêng ,
lir swarané madubranta ,
manungsung sarining kêmbang.

GARA GARA



Adegan Sumantri lan Patih Surata
P. Surata
:
Raden Piye raden, anggonmu mboyong putri ing magada dalah putri domas
Sumantri
:
Nun inggih, kanjeng patih, anggen kulo mboyong dewi Citrawati dalah putri domas sampun kaleksanan
P. Surata
:
Yen pancen mengkono, ayo enggal diaturke sunuwun Prabu Harjuna Sasrabahu
Sumantri
:
Namung sakderengipun, nyuwun pangapunten kanjeng patih, kulo saget ngaturaken dewi Citrawati dalah putri domas bilih sunuwun Prabu Harjuna Sasrabahu piyambak ingkang kedah tedak wonteng ing alun alun mriki.
P. Surata
:
Lancang kowe Sumantri, kowe podo karo nantang sinuwun Prabu Harjuno Sasrabahu, yo dadi atur ngarsaning Sinuwun Prabu

PATHET MANYURA
Ada-Ada Slendro Mayura

Arsa madangi jagat
Duk mungup mungup aneng
Sakpucaking wukir
Merbabak bang sumirat
Kena soroting surya mego gunung lan gunung


Adegan Maespati, Prabu Harjunasasra kaadep Patih Suroto

P. Harjuna Sasrabahu
:
Kakang Patih Surata, ana kabar apa kakang
p. Surata
:
Nuwun inggih Sinuwun, raden Sumantri sampun kaleksanan anggenipun mboyong dewi Citrawati dalah putri domas
P. Harjuna Sasrabahu
:
Yo skur sekethi jumurung yen pancen koyo mengkono
p. Surata
:
Namung emanipun sinuwun, raden Sumantri matur bilih sinuwun piyambak ingkang kedah tedak wonten ing alun alun supados mundut dewi Citrawati dalah putri domas
P. Harjuna Sasrabahu
:
Yen pancen mengkono,   entenono ingsun sumantri

Prabu Harjunasasra budal mapak Sumantri

Adegan Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu

P. Harjuna Sasrabahu
:
Sumantri tumindakmu kang koyo mengkono kuwi tegese murang tata susila, mulane malah aja tanggung tanggung, hayo teteren ratu gustimu

Perang sumantri  kalah

Sumantri
:
Aduh sinuwun, kula ngrumaosi lepat, kulo kawon sinuwun
P. Harjuna Sasrabahu
:
Saiki adile wong utang kudu nyaur, rehning kowe wis wani nyoba kadigdayaningsun, mula sakiki genti kowe bakal tak coba tekan ngendi kadigdayanmu, sak jroning sewengi iki puteren tamn Sriwedari dunungna ning Negara Maespati kene

Sumantri susah, di petuki Sukrasana

Sukrasana
:
Akang ati eneng apa kowe kok bingung, nangis barang
Sumantri
:
Adiku di, aku bingung, sak jroning sewengi iki aku diutus kon muter taman Sriwedari ning negra maespati kene di..
Sukrasana
:
E alah ngono wae kok nangis ndadak susah barang…
Sumantri
:
Iyo di aku ra iso, di
Sukrasana
:
Nek ngono menengo wae kang, tak putere taman sriwedari


Pocapan
Wau ta,  sedakep saluku risang Sukrasana, arsa muter taman Sriwedari, gya kapapanaken wonten ing Negara Maespati.

Adegan P. Harjuna Sasrabahu, Dewi Citrawati, Sumantri, Path Surata

P. Harjuna Sasrabahu
:
Sumatri piye kabare, anggonmu muter Taman Sriwedari
Sumantri
:
Antuk pangestu paduka sinuwun, Taman Sriwedari sampun kula puter mapan wonten ing Negari Maespati
P. Harjuna Sasrabahu
:
Ya sukur yen pancen koyo mengkana,
Dewi Citrawati
:
Sinuwun kula kepingin, ningali kaendahanipun Taman Sriwedari Sinuwun
P. Harjuna Sasrabahu
:
Iya iya yayi

Taman Sriwedari, Sukrasana turu ning taman dewi Citrawati Kaget

Pocapan
Wau ta, risang dewi Citrawati arso tetinjo kawontenanipun Taman Sriwedari, mangertosi bilih wonten buta bajang, kagyat risang dewi.

P.Harjuna Sasrabahu
:
Ana apa yayi Citrawati
Dewi Citrawati
:
Ketiwasan sinuwun, kula ajrih sanget, wonting ing Taman Sriwedari wonten Buta ingkang nggegilani, sinuwun
P. Harjuna Sasrabahu
:
Sumantri, ing taman ono Buta 
Sumantri
:
Kula sagah mejahi, buta ingkang nggegilani menika, sinuwun

Sumantri kaget, jebul sing neng taman kuwi Sukrasana, srepek tlutur

Sendon tlutur

O, O, surem surem diwangkara kingkin,
lir manguswa kang layon,
denya ilang kang memanise,
wadananira layung,
kumel kucem rahnya maratani, O
 Srepek Tlutur

Sukrasana
:
Akang ati ana apa ta kang, kok susah, malah nangis barang, aja nangis ta kang
Sumantri
:
Ora di. Ayo bali wae di, aku wis ra kepingin dadi wong drajat, aku ra kepingin dadi wong pangkat, ayo muleh wae yo di
Sukrasana
:
Ana apa ta kang, ojo ngono ta kang, kowe wis dadi wong sing kepenak lho kang, kowe wis sugih, mbok aja ngono ta kang
Sumantri
:
Ora di, aku ra kepingin dadi wong sugih, ayo di bali wae..
Sukrasana
:
Jane ki ana apa ta kang, ngomongo kang, wis ta kang ngomongo
Sumantri
:
Aku,..aku wis kadung janji mateni kowe di

Sampak tlutur sukrasana kaget, sampak kasirep

Sukrasana
:
o..alah kang kang, jebule koyo ngono ta kang, wis to kang kowe tetepo dadi wong sugih, dadiyo wong pangkat, wong drajat, tak tomboki nyawaku kang,
Sumantri
:
Ora di
Sukrasana
:
Aku tresno kowe kang, aku lila, kanggo kamulyanmu, aku patetono, rapopo kang,
Sumantri
:
Ora di aku ra butuh dadi wong sugih, aku ra butuh drajat, pangkat, aku butuh kowe di, ayo di bali wae neng pertapan
Sukrasana
:
Ora kang ojo ngono, kang kae lho di timbali prabu Harjuna Sasrabahu
Sumantri
:
Endi di       (Sumantri Noleh )
Sukrasana
:
Aku pamit kang ( Sukrasana njikuk kerise Sumantri langsung suduk salira, mati )
Sumantri
:
Adiku di ( kaget )


PENULIS ADIYANTO
PAMONG BUDAYA AHLI MUDA
PROVINSI JAWA TIMUR

No comments:

Post a Comment

BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI

 BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI