Search This Blog

25 Apr 2019

WISANGGENI LAIR KI RADITYA PANJI HERNOWO


 Hasil gambar untuk WISANGGENI





WISANGGENI LAIR


  
Candakaan 1 durga, dewa srani dan wadyabala
(ada-ada 6)
Buta pandawa tata gati wisaya
Indriyaksa sara maruta
Bawana gono margono…o
Rembug
Durga    anakku ngger dewasrani,kowe opo ws manteb tenan anggonmu kepengen palakrama karo dewi drestanala
Dws       :  nggih ibu kulo sampun manteb menawi kulo mbtn saget palakrama kalian dewi drestanala kulo terimo pejah
Durga    :  yen pancen koyo mangkono ngger ibu mu bakal sabyantu supoyo kowe biso palakrama karo dewi drestanala.para wadya bala ayo munggah kayangan sakperlu ngerebut dewi drestanala
Wadya   :  nggih ngestoaken dawuh
(ada ada pucung)
Sigro budal suarane samyo gumuruh
Medal ing palagan
Puksur tambur bende deri
Poro wadyo satoto sami sawega

Candakan 2 janaka dewi drestanala
Rembug
Janaka   :  yayi drestanala, sliramu ws ngandut jabang bayi
Dresta :     nuninggih kanjeng paran, jabang bayi mugio bagus kados paduka
Janaka   :  yo yo yayi
        (tekane dewasrani nyandak janaka)
Dws     :  kelakon mati deneng aku

Candakan 3 dewa brama janaka
Rembug
Janaka   :  wonten menopo pukulun dene paduko misah perang kulo kalan dewasrani
Brama    :  ngertenono janaka ulun diutus dening pukulun betoro guru, yen to siro kudu bali ono ing marcapada amarga siro kuwi titah sawantah lan wes sakmestine kudu manggon ono ing marcapada
Janaka   :  menawi mekaten pukulun kula naming nderek titip jabang bayi ingkang dipun kandut dening yayi drestanala
Brama    :  iyo iyo janaka, perkoro kuwi wes tak piker kowe wis rausah kuwatir lan was sumelang
Janaka   :  menawi mekaten kula nyuwun pangestu
Brama    :  yo yo seng ati ati janaka

Candakan 4 durga dewi drestanala
Rembug
Durga  :     dewi drestanala saiki janaka wes bali ono marcopodo mulo manuto bakal tak rabek e karo putraku si dewasrani
Dresta :     kulo mboten purun nyatane kulo wes dadi garwane raden janoko
Durga  :     nyatane janaka wes ora ono ing kayangan seng eneng mung dewasrani gelem ora gelem kowe tetep kudu daup karo dewasrani
Dresta :     dasar ra nduwe tata krama aku ra sudi rabi karo dewasrani wong sakarepe dewe nduwe watak angkara murka sapa bakal gelem rabi karo dewasrani
Durga  :     kelakon tak ajar wong wadon ora toto
(dewi dresnala diajar karo durga, dewi drestanala tiba nganti lair jabang bayi sig ing kandutan, bayi mau langsung di ajar karo dewi durga nanging ora papa malah tambah gedhe)
Candakaan durga arep nyemplung ke bayi ing kawah candradimuka 
Rembug
Durga  :     bat tobat tobat, di banting ben remuk kok malah tambah gedhe, yen ngono kowe tak cemplungake ing kawah candradimuka lebur tanpa isa pinuka leganing atiku
(bayi dicemplungke ing kawah candradimuka, geni kawah mulat mulat bayine malah soyo gedhe ditulungi karo dewa narada)
Candaan narada lan wisanggeni
Rembug
wisan  :  iki sopo iki?
Narada   :  aku narada, kowe mau taktemokake ing kawah candradimuka
Wisan :  lha jenengku iki sapa?
Narada   :  amerga kowe tak temokake ing kawah candradimka, kowe takjenengi wisanggeni
Wisan :  wisanggeni, lha bapakku iki sapa?
Narada   :  yen kuwi aku ra ngerti, takono dewa ing kayangan. Yen ora ngerti sopo bapak mu ajaren wae, dewa kudu ngerti sopo bapakmu
Wisan :  yen ngono aku budhal ing kayangan
Narada   :  yo ngger sing ngati ngati
(wisanggeni munggah kayangan takon bapakke ing para dewa raono sing ngerti, kabeh dewa diajar, ketemu karo janaka,janaka diajar)
Candakaan narada misah janaka lan wisanggeni
Rembug
Narada   :  wes ojo dilanjutake wisanggeni, kuwi bapamu.
Wisang  :  owalah bapa.





SELESAI





No comments:

Post a Comment

BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI

 BEDAYAN LOGONDANG NOTASI PELOG LIMA ADITYASTUTI